Ndang Balio Sri

17 komentar
Paijo mlayu ngoyak Sri sing ameh munggah bis neng terminal tirtonadi solo.

Sri, ndang bali yo, ojo kesuwen neng jakarta”

Weladala, sampeyan ngopo mas Paijo kok nyusul aku tekan kene ki?”

Aku ki jane ora lilo koe mangkat neng jakarta. Ngopo adoh-adoh mung arep dadi babu?”

Sri nyelehke tas gede neng aspal ngarep bis, isine neko-neko, ono emping, kripik welut, karak beras lan sapiturute.

Hla ngopo ora lilo to mas?”

Aku ki jane trisno karo kowe Sri”

Halah gombal, trisno ki wani ngrabi rak?”

Nantang koe Sri, ayo saiki tak nembung bapakmu”

Wong-wong sing arep munggah bis kabeh podo nglirik Sri karo Paijo sing padu neng pinggir lawang.

Sampeyan wani nembung bapakku? Kerjo wae ora kok nggleleng”

Aku melu neng jakarta nek ngono”

Arep ngopo sampeyan neng jakarta?”

Golek gawean gen isoh nembung koe”

Owalah mas... mas... sampeyan ki neng kene wae, angon wedhus.”

Pak sopir mlebu bis, Sri kesusu ngangkut gawan sing lumayan akeh.

Sri, ndang bali yo, aku ngenteni sliramu. Ojo kepincut sopir metromini”

Sing dijak omong ora gagas, munggah bis. “Mas Paijo ki aneh, aku neng jakarta arep jemput simbok sing niliki pakdhe kok kon ndang bali, yo mesti bali to yo hla wong omahku kene kok,” batine.


Ciani Limaran
Haloo... selamat bertualang bersama memo-memo yang tersaji dari sudut pandang seorang muslimah.

Related Posts

There is no other posts in this category.

17 komentar

  1. Balasan
    1. Segeralah kembali, aku menunggumu di sini.

      Eeaaa

      Hapus
  2. wkwkwkk kepincut sopir metromini

    BalasHapus
  3. Ndang balio Sri. Elingo yo Sri, aku tansah nunggu balimu. Tak tunggu balimu neng Stasiun Balapan....

    BalasHapus
  4. Iki lagune didi kempot, judule ndang balio sri

    BalasHapus
    Balasan
    1. Injih leres bund, terinspirasi saking lagu puniko.

      Hapus
    2. Mantap, bisa bikin tulisan pakai bahasa daerah.
      Pengen nyoba, nanti.

      Hapus
  5. Iki lagune didi kempot, judule ndang balio sri

    BalasHapus
  6. ayoo tembangan wae.. ndang balio sri.. ndang balio.. balio... :D

    BalasHapus
  7. Ga ngerti mba ciaan....
    Hiks...

    BalasHapus
  8. ahahaha aku cuma ngerti angon wedhus ajaj

    BalasHapus
  9. 😂😂😂 jane aku ki ra pengen ngguyu loh..

    BalasHapus
  10. 😂😂😂 jane aku ki ra pengen ngguyu loh..

    BalasHapus

Posting Komentar